Jumat, 29 Oktober 2010
Sadumuk Bathuk Sanyari Bumi
SANAJAN mung sadumuk yen bathuk, senajan mung senyari yen bumi, iku kawawas barang kang pengaji banget. Bathuk sing ana sirah iku lambang kaurmatan, martabat, lan harga diri. Dene bumi, sanajan paribasane mung sanyari, ing negara agraris pengaji banget. Menawa ana wong sing ngina utawa ngasorake harga dirine utawa ngrebut bumi utawa palemahane, kudu diadhepi lan dilawan. Harga dhiri lan hak milik tumrap palemahan iku kudu dikukuhi, kudu dipertahankan dengan mati-matian. Bebasan perlu dibelani kanthi pecahing dhadha lan wutahing ludira.
Akeh pradondi utawa sengketa atas tanah. Sengketa mau asring nuwuhake padudon lan ontran-ontran. Senajan perkarane wis diputus ing pengadilan, eksekusi ora bisa katindakake amarga anane perlawanan saka pihak sing rumangsa duwe hak tumrap lahan mau.
Tanah utawa lahan iku, luwih-luwih ing kutha, saya suwe saya larang regane, awit bumine ora tambah amba dene penghunine saya akeh. Sengketa lahan mau ora mung ing antarane wong siji lan sijine, nanging uga antarane bebadan siji lan sijine, malah ing antarane negara siji lan sijine.
Ing crita wayang ana lakon ”Kikis Tunggarana”, yaiku rebutan alas Tunggarana ing antarane Pringgadani lan Trajutrisna, ing antarane negarane Gatutkaca lan Boma Narakasura. Rebutan wilayah iku nuwuhake peperangan ing antarane Pringgadani lan Trajutrisna. Perang Bratayuda underane ya rebutan negara. Negara Ngastina warisane Prabu Pandu Dewanata dititipake marang sedulure, yaiku Destarasta. Destarasta nglintirake negara mau marang putrane Duryudana. Bebasan ngemut legining gula, Duryudana sasedulur ora nglilakake menawa Ngastina dijaluk bali dening Pendhawa. Mula banjur ana perang gedhe sing jenenge perang Bratayuda Jayabinangun.
Bangsa Indonesia uga berjuwang mati-matian nalika ngrebut bali Irian Barat, Irian Jaya utawa Papua. Bangsa Indonesia rumangsa gela lan susah nalika pulau-pulau Simpadan lan Ligidan uwal saka laladan Indonesia lan dadi hake negara jiran Malaysia. Mula nalika Pulau Ambalat diirik-iriki Malaysia, akeh pemuda kang kanthi jiwa patriotisme kang makantar-kantar siap dikirim menyang wilayah perbatasan minangka sukarelawan.
Indonesia iku nduweni garis batas wilayah kang dawa banget. Akeh wilayah sing rentan penyelundupan lan rawan pencurian ikan. Indonesia mandhang kerugian sing gedhe marga perairane dijarah dening maling-maling iwak. Sarana lan prasarana kanggo njaga wutuhing wilayah, kanggo nanggulangi penyelundupan lan pencurian ikan, minim banget. Supaya kedaulatan teritorial Indonesia iku diurmati dening negara liya, perlu anane angkatan laut sing kuwat kanthi sarana lan prasarana sing nyukupi. Negara utawa pihak-pihak kang nglanggar kedaulatan wilayah Indonesia kudu nampa piwales utawa dipatrapi paukuman. Sanajan mung sadumuk yen bathuk, senajan mung sanyari yen bumi, perlu dibelani nganti pecahing dhadha lan wutahing ludira.
Kapethik soko:
Blencong, Dening Soedjarwo, http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2009/11/22/465/Sadumuk-Bathuk-Sanyari-Bumi
Ilang Jawane
APA bener wong Jawa iku bakal ilang Jawane? Ilang Jawane tegese ilang sifat-sifat lan kepribadian kejawaane. Yen wis ilang Jawane kaya-kaya ya wis dudu wong Jawa maneh. Banjur wong Jawa iku dadi wong sing kaya apa? Wong Jawa diarani Jawa amarga nduweni sifat lan ciri-ciri tinartu. Upamane: wong Jawa iku basa ibune basa Jawa, kesenian, tradisi lan kabudayane tradisi, kesenian, lan kabudayan Jawa. Lha nek wis ora bisa basa Jawa, ora ngerti tradisi lan kesenian Jawa, ora tepung karo kabudayan Jawa, “gaya hidup”-e wis ora kaya salumrahe wong Jawa, apa ya isih bisa diarani wong Jawa?
Rehne anak-putune wong Jawa, mesthine ya tetep wong Jawa. Sifat-sifat kang tumurun marang anak-putu bisa dibedakake dadi rong werna, yaiku warisan biologis lan warisan sosial utawa kabudayan. Satemene sing bisa diwariske langsung iku ya mung warisan biologis. Rehne turune wong Jawa ya nduweni sifat fisik lan biologis kadideme wong Jawa, upamane: kulite nyawo mateng, rambute ireng lurus, irunge rada pesek, lan liya-liyane. Dene warisan sosial iku warisan sing bisa diwarisi srana sinau utawa liwat sosialisasi. Tanpa sinau utawa srawung karo padha-padha wong Jawa, ya ora bisa basa Jawa, ora tepung karo kesenian Jawa.
Warisan biologis iku wis kunandhut ana gen utawa bibite. Rehne bibite wong Jawa, ya marisi sifat fisik dalah potensi-potensi mental Jawa. Wong Jawa sing digulamenthah lan digedhekake ing kulawarga manca mung oleh warisan biologis, ora oleh warisan sosial.
Lha gambarane wong Jawa sing wis ilang Jawane iku ya sing kaya ngono mau. Nanging keh-kehane wong Jawa sing urip ing satengahe bangsa lan kabudayaan liya, ya isih padha ngleluri kabudayane leluhure, upamane wong Jawa kang dedunung ana Suriname, wong Jawa sing daerah-daerah transrnigrasi ing luwar Jawa.
Basa lan kabudayaan Jawa iku tansah ngrembaka lan owah-gingsir nuting jaman kelakone. Kabudayaan Jawa iku perlu diuri-uri supaya lestari lan isih tetep dadi warisan kanggo anak-putu, mung bae kabudayaan mau besuke mesthi wis beda karo kabudayaan Jawa saiki, nanging ora ateges menawa wong Jawa banjur ilang Jawane. Ya mung “Jawane” wong Jawa besuk mbokmenawa wis beda karo “jawane” wong Jawa saiki.
Pancen ana bae wong Jawa sing ora njawani, sauger wong Jawa iku isih ana, kajawaane mbokmenawa uga tetep isih ana, Dadi, tetembungan “wong Jawa ilang Jawane” ora bisa disurasa kanthi wantah bae. Sing genah keiawaane wong Jawa iku owah-gingsir nuting jaman kelakone. Pamiara lan panguri-uri iku perlu, nurih kajawaan mau ora adoh mlencenge.
Kapetik Soko:
Blencong, Dening Soedjarwo, http://suaramerdeka.com

Langganan:
Postingan (Atom)